Showing posts with label Basa jawa. Show all posts
Showing posts with label Basa jawa. Show all posts
,

Parikan Basa Jawa

Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.”

Gatra 1 diarani gatra pambuka.

Gatra 2 diarani gatra isi.

Gatra 1 karo 2 ora ono sambungane makna.

Gatra 1 karo 2 runtut suarane utawa purwakanti swara.

gatekna tuladhane :

- Kupat bumbune santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten.

Gatra 1 : kupat bumbune santen

Gatra 2 : sedaya lepat nyuwun pangapunten

- Dondhong opo salak duku cilik-cilik, ngandong opo mbecak mlaku timik-timik.

Gatra 1 : Dondhong opo salak duku cilik-cilik

Gatra 2 : ngandong opo mbecak mlaku timik-timik


tuladha liane :

- Abang-abang ora legi,  tiwas nyawang ora nduwèni.

- Jambapa jeruk,  aku melu opo entuk.

- Suwe ora jamu,  jamu godhong tela, suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe gela.

- Timun sigarane,  ayo mbangun negarane.


Continue reading Parikan Basa Jawa
, ,

Sesorah - Bahasa Jawa Kelas 6

 


➤ Sesorah/Pidato utawa medharsabda yaiku ngandarake sawijining gagasan utawa panemu saran lisan ing  sangarepe wong akeh.

➤ Tujuane Sesorah iku maneka warna kayata :

1.Lung tinampen/pasrah tampi
Yaiku sesorah kanggo masrahake lan nampa kayata lamaran,sarahan,utawa calon temanten.

2.Atur pambagya 
Yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu ana ing acara apa wae kayata: mantenan,supitan,walimahan utawa perpisahan sekolah.

3.Aweh panglipur/hiburan
Sesorah aweh panglipur ancase supaya sing mirengake bisa seneng atine, kayata: sesorah ana ngomahe wong sing lagi kesripahan.

4.Atur kabar/informasi
Nyeritakake bab-bab maring pamiarsa/pendengar.Umpamane sesorah pelapuran ing rapat organisasi,promosi produk barang.

5. Pangajak
Sesorah iki sipate ngajak marang wong padha ngrungokake supaya kapikut,ketarik atine marang andharan mau.Umpamane sesorah ing papan ibadah,pengajian.

➤ Sing Perlu digatekake / Wigatine Sesorah :
1. Basa
2. Busana
3. Swara
4. Solah bawa (sikap)

➤ Cengkorongan (unsure) sesorah:

1. Salam pambuka
Ngaturake salam marang tamu kayata : Assalamualaikum Wr.Wb, wilujeng dalu, nuwun, kula nuwun, lan liya-liyane.

2. Atur Pakurmatan
Nyebut para tamu lan tetembungan pakurmatan.

3. Purwaka 
Ngaturaken syukur lan panuwun marang Allah SWT.

4. Isi / Surasa
Isine bab apa wae kang bakal diaturake.

5. Pengarep arep
Isi bab sing disuwunake marang para tamu, umpamane donga pangestu pinutur.

6. Panutup
Isine njaluk pangapura marang para tamu anggine nampa rawuhe yen ana kekurangane

7. Salam penutup
Isine ngaturake salam marang para tamu lan tandha menawa acara wis paripurna


Created By : Lilik Stiawan, S.Pd.I

Continue reading Sesorah - Bahasa Jawa Kelas 6
, ,

Teks Deskripsi Basa Jawa

Teks deskripsi yaiku teks kanggo nyampaiake informasi nganggo cara nggambarake katon jelas marang objek, panggonan, utawa kedadean.

Dadi tujuan teks deskripsi iku menehi gambaran kahanan apa wae saengga kang maca kaya kaya weruh, ngrungokake, lan ngrasakake apa kang dialami pengarang.

Ing ngisor iki salah sawijining tuladha teks deskripsi tema panggon utowo papan sing migunakake basa jawa.


Omahku

Aku duwe omah cilik ing gunung. Cedhak omahku ana macem-macem wit lan tanduran.

Omahku duwe cat coklat. Atap-atap mung dadi ing salah sawijining arah, sing ana ing taman lan taman cilik ing sisih omahku.

Barang-barang ing omahku rame banget. Kabeh diatur lan ing panggonane.

Kajaba iku, ing omah kita ana pembakaran kanggo anget awak.

Sanajan padatan pegunungan sithik banget lan omah kita sithik. Omah kasebut dadi nyaman lan krasa anget nalika kita krasa adhem.


Source : https://tataotak.com/

Continue reading Teks Deskripsi Basa Jawa